TEMBUNG CAMBORAN



Tembung camboran tegese tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji.

Warna-warnane tembung camboran.
1.    Manut wujude
-       Camboran tugel, yaiku tembung camboran kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi ngurangi jumlah wandane.

Wujude camboran tugel:

a.  Tembung garba (sandi)
Tuladha:
-       Nara + pati = narpati
-       Prapta + ing = prapteng
-       Idu + abang = dubang
b.  Kerata basa
Tuladha:
Digugu + ditiru = guru
Balung + kulit = lunglit

-          Camboran wutuh, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo ngurangi jumlah wandane.
Wujude camboran wutuh:

c.   Rerangken determinatif (DM)
Tuladha :
-       Meja tulis
-       Lemari kaca

d.  Baliswara (rerangken MD)
Tuladha :
-       Pancasila

e.  Tembung saroja
Tuladha :
-       Sanak kadang
-       Was sumelang

f.    Yogyaswara
Tuladha :
-       Dewa-dewi
-       Siswa-siswi
-       Putra- putri

g.  Tembung kosok balen (Antonim)
Tuladha :
-       Gedhe x cilik
-       Enom x tuwa
-       Lanang x wadon

2. Manut kekarepane
-     Cmboran tunggal, yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora kena dipisah-pisah maneh lan wis nduweni teges anyar.

Upamane balung iku perangane awak utawa kewan sing atos dhewe.
Kuwuk iku kucing alasan ora ana sing ndarbeni.
Banjur dirangkep dadi “balung kuwuk” sing tegese criping pohung.

Tuladha:
-       Randha royal
-       Semar mendem

-     Camboran wudar, yaiku tembung camboran sing tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe.
Tuladha:
                     -   Meja tulis


GLADEN!!

goleka tegese lan kalebu apa tembung garba ing ngisor iki!

-          Pelem golek
-          Wayang kulit
-          Piring beling
-          Bimaputra
-          Wijaya kusuma
-          Mahasiswa
-          Dwiwarna
-          Papa cintraka
-          Japa mantra
-          Lara lapa
-          Bathara- bathari
-          Pemudha- pemudhi
-          Yeku
-          Sureng
-          Prameswari
-          Wedang
-          Kupluk
-          Nagasari
-          Gandarukem
-          Daramuluk
-          Pager bata
-          Pitik walik
Buku gambar
Previous
Next Post »
loading...