TULADHA PANYANDRA TEMANTEN JAWA



 TULADHA TEKS PANYANDRA TEMANTEN JAWA

 

1.    Penganten Putri Kalenggahaken ing Sasana Rinengga

(sinubagya ungeling Gendhing Ketawang Puspawarna Slendro Manyura)
Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar ngebeki jroning sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika tejane penganten putri ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi manjing sasana rinengga. Simpating busana ingkang angemba busananing prameswari nata, tinon saking madrawa ambyor mopyor pating galebyar pating clorot, katempuk ing pandam kurung ingkang anggregani, lamun cinandra kadya kilat asesiring.
Amucang kangingan denira lumaksana penganten putri, membat madya lumenggang ing warih. Meloking wadana samunu agilar-gilar kadya kencana binabar, sunaring netra adamar kanginan. Wewening pranaja singget kapathet ing ageman, pindha cengkir gading dipingit, yayah anjebol-jebolna mekak madya ingkang minangka setubandaning sarira. Kicating pada katon pating galebyar dening rerengganing canela ingkang tinaretes ing sesotya nawa retna, ginantha ing wardaya candrane kaya wredhu angga sasra lumaku ing wanci dalu.

2.    Penganten Kakung Mlebet ing Sasana Pawiwahan

(Kabarung ungeling Gendhing Ladrang Wilujeng Pelog Barang)
Kumenyar mawa prabawa, kentar-kentar winor ganda wida. Sumirat ambabar teja maya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Parnyata punika tejaning penganten kakung ingkang binayangkarya mijil saking wisma palereman. Kinanthi manjing sasana pawiwahan. Mubyar-mubyar busananing penganten kakung inkang angemba busananing narapati., lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa.
Agung ateges kebak ing kaindahan kang sanyata adi luhung; dene mrabu ateges pindha jejering narindra kebekan ing kawibawan luhur; mrabawa ateges sinnung prabawa adi endah milangoni. Dhamyak-dhamyak igkang samya lumaksana angayap sang pinangtyan kakung, pinarangan dening para kadang santana miwah warga wandawa.
Dhasar penganten kakung anyardula lapa tindake, riyak anggajang ngoling, lembehan merak kasimpir. Sarira amrabata, sembada ing driya tan mingkuh saliring kewuh; yen ta tamtama sumbaga wirotama prawirya jayeng palugon, tatag tangguh tanggon, tanggung jawab prapteng ngendon. Mila kalamun pinentha ing wardaya candrane kadi narendra ingkang arsa tendhak siniwaka, lenggah ing dhampar denta.

3.    Penganten Dhaup (Panggih)

(binarung swaraning Gendhing Kodhok Ngorek kalajengaken Ketawang Larasmaya Pelog Barang)
Wus dumugi wahyaning mangsa kala dumawahing kodrat saking kamuwaosing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi wanita ingkang sumedya anetepi jejering ngagesang, ngancik alaming madya, amestuti ila-ila ajuring para kina ingkang dahat pinundhi-pundhi, sarta angleluri laksita harja, nulad edi endahing budaya luhung, umiring sesanti tis-tising tyas marsudi mardawaning budya tulus. Budya ateges bidi daya ingkang tuwuh saking osik ing panggalih; wondene tulus saliring pangesthi ingkang tumuju marang kautamen pinarengake. Kawuryan sri panganten putri wus jengkar saking sasana rinengga, ingayap sanggyaning warga wandawa, kinanthi mring sasana ingkang pinanci. Dene ingkang munggwing wuri ana jejaka/kenya kalih umiring tindake penganten puteri, punika ingkang sinaraya angemban puspita adi ingkang winastan Kalpataru Dewadaru Jayadaru, kinarya sarana dhaup ing penganten sarimbit.
Kakanthi tumuju papan piniji, nenggih temanten sarimbit, nulya sami apagut tingal, tempuking pandulu catur netra, satemah hambabar daya pangaribawa. Sakala kumlawe ponang asta, sami bebalnagn gantal kang sinebat gondhang kasih sarta gondhang tutur. Winastan gantalan mengku werdi dhumawahing sangat ingkang namung sak klecapan, tan bisa wola-wali, awit inggih titimangsa mbalangaken gantal menika wigatos ingkang sinebat “panggih”. Gantalan dumados saking ron suruh ingkang lininthing, tinangsulan lawe wenang, hamilih sedhah ingkang pethuk temu rosipun, minangka pasemon manunggaling jalu kalawan wanita kang wus gambuh cipta, rasa miwah karsane, lironsih sarwi mad sinamadan ing tutur kanthi tinangsulan ing reh hanggering palakrami. Kawistingal temanten priya hamidak tigan tinindhihan dlamakan. Pecahinng tigan sakala wonten rerupen abrit lan pethak ingkang sampun nyawiji, satunggalling pasemon manunggaling priya lawan wanita, menggah blebesing pangesthi mugi dadosa wiji dadi satemah sageda enggal hangemong turun.
Lulus raharja dhauping temanten, temanten tumuli binoyong tumuju ing krobongan winangun rising temanten sarimbit. Gya siingeban slindur dening Bp/Ibu ……….., minangka pasemon manunggaling kang hapalakrama, wus gambuh cipta rsa miwah karsa, golong gilig saiyeg saeka praya, nggenya arsa mangun bale wisma mugya tansah hantuka lumintuning barokah saking Gusti Kang Murbeng Bawana.
Lumampah tutwuri handayani nenggih Bapa ………, nyata sudarma kang wus bangkit sembada hangemban darmaning asepuh, wus lila legawa putra kinasih kahemong ing priya. Henening cipta namung muhung lumintuning barokah saking Gusti Ingkang Murbeng Titah, mugya temanten sarimbit saged mujudaken kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah, saha enggal kaparingan amanah arupi putra ingkang sholeh/solekhah minangka tetangsul langgeng trah tumerah  ingkang saged anyambung sujarah saha rezeki ingkang barokah supados saged ziarah kitha mekkah lan madinah. Aamiin .
Wus dumugi krobongan winangun, temanten sarimbit kaaturan lenggah jajar sumandhing, hangrantu lumadining titi laksana adicara ingkang sampun rinakit.

4.    Penganten Sungkem (Ngabekten)

(kairing ungeling Gendhing Ladrang Mugi Rahayu Slendro Manyura)
Penganten kakung wus jengkar saking dhampar, anganthi ingkang garwa lumarap angabyantara mring para pinundhi. Esthining panggalih muhung sumedya sumungkem anguswa pepadaning ingkang eyang miwah ingkang rama ibu. Sigra tumungkul amarikelu yayah konjem ing bantala wadanane penganten sarimbit, tangkeping asta sumembah ing jengku kanan, sinartan aninging cipta rumasuk ing sanibari, anyenyadhang rumenthahing pangastawa saking ingkang eyang sarimbit, miwah rama ibu, mrih esthining driya denira mangun brayan hinaywan dening Gusti Ingkang Mahawelas tuwin Mahaasih. Lir sinendhal mayang jroning galih dupi ingkang rama ibu inguswa pepadanira dening ingkang putra. Sumedhoting wardaya tan bangkit sinyutan, sakala ingelus-elus pamindhangane penganten putri winiwir-wiwir remane, kebak ing rasa asih sutresna. Tan kawawa anandhang duhkitaning galih, waspa mijil amarawayan. Tumetesing waspa tumiba pangkone ingkang rama ibu, cinandra kdya mitiara rinonce.

5.    Tamu Lenggah ing Sasana Pawiwahan

Kacanarying penggalih, dupi anuningani yen ta jroning sasana wiwaha kawuryan bak ber ambalabar sanggyaning para tamu kakung putri, sampun kapareng lenggah satata, pepak sinaroja. Kapanduking raos ingkang dahat tumanen ing kalbu, saksana ambuka osiking driya denira sumengka pangawak braja, lir keplasing warastra lungit.
Prentuling parasdya miwah esthining prayojana, tanna lyan among daya-daya denirarsa among swagata, manembrama atur membagyarja konjuk sagunging para tamu minulya.

6.    Beksan Gambir Anom Gandrung

(kacandra nalika gangsa sirep)
Gandrung-gandrung kapirangu Prabu Anom Gambir Anom, kataman larasmara kayungyun marang kasulitane Sang Dyah Ayu Siti Sendari, atmajanira Sri Nata Dwarawati. Siyang pantaraning ratri ingkang ginalih among sang ayu, ingkang kumanthil-kanthil aneng pandhoning netra, tumus ring tung-tunggging nala. Linali-nali saya ngalela, ginagas saya ngranuhi, rinasa saya karasa. Dadya sirna kautamaning nata, lamun siyang tan arsa dhahar lamun dalu tan arsa nendra.

7.    Kirab Kanaredran

(Binarung ungeling Gendhing Ketawang Langen Gita Sri Narendra Pelog Barang)
Regu-regeng hamerbawa, riisang temanten sarimbit tedhak saking palenggahan, pinapag sang suba manggala arsa jengkar tilar sasana pawiwahan, kinirabaken ngulati wahyuning jodho. Tedhak jleg ngampil amparan rukmi, ginarubyug para rumaja putri saemba putri dhomas horeg kang samya hanjenengi, prasasat kadi narendra siniwaka satuhu.
Sinten ta ing ngarsa sung tuladha ingkang minangka senopatining lampah, lah punika ta warnane sang suba manggala. Dhasar tata tangguh tanggon prapteng ngendon, datan migkuh salwiring kewuh. Hanngul kendel tindak sapecak mangu sapecak tumoleh, muhung nuhoni jejibahanipun, supadya rising temanten ingkang katemben winisudha mboten kasandhunging rata, kabentusing tawang rowang.
Sumambung ing wuntat lampahe manggalayuda sakembaan. Wondene sawurinipun ana wanodya alit sakembaran ingkang ketingal sumunar tejane, lamun tingal saking mandrawa, glewo-glewo kadya golek kencana kang bisa tata jalma.
Sinigeg gantya kang cinarita, sinten ta ingkang mangun karsa, kang busana lir raja kabiwadha, lah punika ta rising mustikaning karya sang temanten kekalih nuwun innggih Raka Mas Bagus …………… kalian Rara Ayu ………, lumampah kekanthen astha, keket raket renggang gula kemeprur pulut. Kekalihnya sajak lingsem naming suka, hanggung reremetan asta, nggaita yen sedaya tamu mboten wonten ingkang pirsa, kajawi pangendhaliswara. Dhasar wus dangu denira hanganti tumapaking pahargyan, marma sakedhap-sekedhap angunjal huswa hanggeget lathi, karana tansah kadriya ginupit mangke ing tilam sari.
Lampahira sang pindha raja ginarubyuk para remaja estri esthining lir putri dhomas. Dhasar sadaya sami sulistyeng warni, gandhes luwes merak ati. Ing pangajab benjang lamun diwasa sageda dadosa wanita utami. Wonndene kang kaajab namung saiji, mugi-mugi benjang winengku satriya sejati, yen ora kaya sing MC trima prei.
Ingkang  kepareng tut wuri handayani lah menika ta ingkang hamengku karya sarimbit garwa. Hanguningani sanggyaning para tamu ingkang samya amarwata suka, rumaos bombong berawaning penggalih prasasat sewu bagya dadya sajuga.

8.    Kirab Kasatriyan

(binarung ungeling Gendhing Ketawang Subakastawa Slendro 9)
Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa, kentar-kentar angambar kongas gandanira marbuk arum awangi, sumirat-sirat teja maya-maya. Saya dangu saya milangoni, saya celak saya angranuhi. Sanyata tejane sang pinangantyan, mijil saking wisma wiwaha.
Wus lukar busana katong angrasuk busana satriya, sangsaya ngenguwung prabane, sang saya mencorong guwayane, sangsaya manteb panggalihe, cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya atmajanira Ki Gedhe Pamanahan, akekanthen asta kalayan Rara Dewi Semangkin Atmajanira Sri Sultan Drawa ing Kalinyamat, lagya angenggar-enggar driya ameng-ameng aneng udyana, mriksani panjrahing sari puspita, ingkang nendheng mangudhar wewangi.
Sang senopati kembar kadi Sang Suwandageni atmajane Ki Demang Sangkal putung kalawan Sang Agung Sadayu, yoganira Ki Sadewa, kekalihipun tus wijil saking tlatah jatinom. Kang Apindha Putri astha sata anglur selur dalidir kadya putri boyongan saking wewengkon Predikan ing Toyabiru Sadaya berawa sarta mempen ing puja puji santi astute santi, basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.
Sinigeg gantya kang cinarita. Nalika semanten tindakira temanten sekalian ginarubyug para putri ingkang apindha dhomas. Wonten ingkang ayu, wonten ingkang manis, kathah ingkang luwes.
Ana saweneh Kenya kang katingal sakedhap-sakedhap sukune mung tansah diangkat, sajak ora kuwat. Kapyarsa lamat-lamat sesambat ana ngarsaning Gusti Kang Akarya Jagad. Adhuh tobat-tobat, tak rewangi tirakat nganti mripatku ora kuwat.  Gek mbesuk kapan aku diwengku wong pangkat sing rawuh akehe ora mekakat, lamarane BMW papat,, ora tau ditinggal mingg….nggon.
Ana saweneh ingkang ngujiwat eseme, gandhes luwes wiragane, yen guyu dhekik pipine, ngembang bakung rikmane,mblarak sempal lambeyane. Kapyarsa lamat-lamat sesambate, adhuh lae-lae, mbesuk kapan aku dijejerke kaya mantene, sing rawuh hanjenengi semene akehe, bregas kabeh among tamune, cukat trengginas panitiane, pambiwarane gurune dhewe.
Wondene ingkang minangka pethiting lampah, punika ta warnanira ingkang hamengku karya sarimbit garwa. Jroning cipta tansah meminta nugrahaning Gusti kang Maha Kuwasa mugi putra temanten anggenira lelumban ing alaming bebrayan tansaha manggih bagya mulya ingkang sinedya rahayu ingkang tinuju. Lulus raharja kalis pringgabayaning marga, smangke rising temanten wus lenggah ing dhampar rinengga, lenggah hamarikelu hangrantu laksitaning adicar
Latest
Previous
Next Post »
loading...