Cerkak yaiku gancaran kang cekak kang tembung-tembunge
ora luwih saka 10.000 tembung, lan kira-kirane mung ana 3-10
kaca.
Amarga cerkak minangka
karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke kang kapantha dadi
loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.
Titikane cerkak wonten gangsal (5), yaiku:
1. Ceritane cekak
2. Prekara kang diceritakake mung siji
3. Cacahe paraga mung sithik
4. Paraga kang diceritakake ora nganti owah
nasibe
5. Menawa ditulis
antarane mung 3-10 kaca