TULADHA PANYANDRA TEMANTEN JAWA
TULADHA TEKS PANYANDRA TEMANTEN JAWA
1. Penganten Putri Kalenggahaken ing Sasana Rinengga
(sinubagya
ungeling Gendhing Ketawang Puspawarna Slendro Manyura)
Binarung
swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar ngebeki jroning
sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika
tejane penganten putri ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi
manjing sasana rinengga. Simpating busana ingkang angemba busananing prameswari
nata, tinon saking madrawa ambyor mopyor pating galebyar pating clorot,
katempuk ing pandam kurung ingkang anggregani, lamun cinandra kadya kilat
asesiring.
Amucang
kangingan denira lumaksana penganten putri, membat madya lumenggang ing warih. Meloking
wadana samunu agilar-gilar kadya kencana binabar, sunaring netra adamar
kanginan. Wewening pranaja singget kapathet ing ageman, pindha cengkir gading
dipingit, yayah anjebol-jebolna mekak madya ingkang minangka setubandaning
sarira. Kicating pada katon pating galebyar dening rerengganing canela ingkang
tinaretes ing sesotya nawa retna, ginantha ing wardaya candrane kaya wredhu
angga sasra lumaku ing wanci dalu.
2. Penganten Kakung Mlebet ing Sasana Pawiwahan
(Kabarung
ungeling Gendhing Ladrang Wilujeng Pelog Barang)
Kumenyar
mawa prabawa, kentar-kentar winor ganda wida. Sumirat ambabar teja maya, saya
dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Parnyata punika tejaning penganten
kakung ingkang binayangkarya mijil saking wisma palereman. Kinanthi manjing sasana
pawiwahan. Mubyar-mubyar busananing penganten kakung inkang angemba busananing
narapati., lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa.
Agung
ateges kebak ing kaindahan kang sanyata adi luhung; dene mrabu ateges pindha
jejering narindra kebekan ing kawibawan luhur; mrabawa ateges sinnung prabawa
adi endah milangoni. Dhamyak-dhamyak igkang samya lumaksana angayap sang
pinangtyan kakung, pinarangan dening para kadang santana miwah warga wandawa.
Dhasar
penganten kakung anyardula lapa tindake, riyak anggajang ngoling, lembehan
merak kasimpir. Sarira amrabata, sembada ing driya tan mingkuh saliring kewuh;
yen ta tamtama sumbaga wirotama prawirya jayeng palugon, tatag tangguh tanggon,
tanggung jawab prapteng ngendon. Mila kalamun pinentha ing wardaya candrane
kadi narendra ingkang arsa tendhak siniwaka, lenggah ing dhampar denta.
3. Penganten Dhaup (Panggih)
(binarung swaraning Gendhing Kodhok Ngorek
kalajengaken Ketawang Larasmaya Pelog Barang)
Wus
dumugi wahyaning mangsa kala dumawahing kodrat saking kamuwaosing Gusti Ingkang
Murbeng Dumadi. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi
wanita ingkang sumedya anetepi jejering ngagesang, ngancik alaming madya,
amestuti ila-ila ajuring para kina ingkang dahat pinundhi-pundhi, sarta
angleluri laksita harja, nulad edi endahing budaya luhung, umiring sesanti
tis-tising tyas marsudi mardawaning budya tulus. Budya ateges bidi daya ingkang
tuwuh saking osik ing panggalih; wondene tulus saliring pangesthi ingkang
tumuju marang kautamen pinarengake. Kawuryan sri panganten putri wus jengkar
saking sasana rinengga, ingayap sanggyaning warga wandawa, kinanthi mring
sasana ingkang pinanci. Dene ingkang munggwing wuri ana jejaka/kenya kalih
umiring tindake penganten puteri, punika ingkang sinaraya angemban puspita adi
ingkang winastan Kalpataru Dewadaru Jayadaru, kinarya sarana dhaup ing
penganten sarimbit.
Kakanthi
tumuju papan piniji, nenggih temanten sarimbit, nulya sami apagut tingal,
tempuking pandulu catur netra, satemah hambabar daya pangaribawa. Sakala
kumlawe ponang asta, sami bebalnagn gantal kang sinebat gondhang kasih sarta
gondhang tutur. Winastan gantalan mengku werdi dhumawahing sangat ingkang
namung sak klecapan, tan bisa wola-wali, awit inggih titimangsa mbalangaken
gantal menika wigatos ingkang sinebat “panggih”. Gantalan dumados saking ron
suruh ingkang lininthing, tinangsulan lawe wenang, hamilih sedhah ingkang
pethuk temu rosipun, minangka pasemon manunggaling jalu kalawan wanita kang wus
gambuh cipta, rasa miwah karsane, lironsih sarwi mad sinamadan ing tutur kanthi
tinangsulan ing reh hanggering palakrami. Kawistingal temanten priya hamidak
tigan tinindhihan dlamakan. Pecahinng tigan sakala wonten rerupen abrit lan
pethak ingkang sampun nyawiji, satunggalling pasemon manunggaling priya lawan
wanita, menggah blebesing pangesthi mugi dadosa wiji dadi satemah sageda enggal
hangemong turun.
Lulus
raharja dhauping temanten, temanten tumuli binoyong tumuju ing krobongan
winangun rising temanten sarimbit. Gya siingeban slindur dening Bp/Ibu ………..,
minangka pasemon manunggaling kang hapalakrama, wus gambuh cipta rsa miwah
karsa, golong gilig saiyeg saeka praya, nggenya arsa mangun bale wisma mugya
tansah hantuka lumintuning barokah saking Gusti Kang Murbeng Bawana.
Lumampah
tutwuri handayani nenggih Bapa ………, nyata sudarma kang wus bangkit sembada
hangemban darmaning asepuh, wus lila legawa putra kinasih kahemong ing priya.
Henening cipta namung muhung lumintuning barokah saking Gusti Ingkang Murbeng
Titah, mugya temanten sarimbit saged mujudaken kulawarga ingkang sakinah,
mawadah, warohmah, saha enggal kaparingan amanah arupi putra ingkang
sholeh/solekhah minangka tetangsul langgeng trah tumerah ingkang saged anyambung sujarah saha rezeki
ingkang barokah supados saged ziarah kitha mekkah lan madinah. Aamiin .
Wus
dumugi krobongan winangun, temanten sarimbit kaaturan lenggah jajar sumandhing,
hangrantu lumadining titi laksana adicara ingkang sampun rinakit.
4. Penganten Sungkem (Ngabekten)
(kairing
ungeling Gendhing Ladrang Mugi Rahayu Slendro Manyura)
Penganten
kakung wus jengkar saking dhampar, anganthi ingkang garwa lumarap angabyantara
mring para pinundhi. Esthining panggalih muhung sumedya sumungkem anguswa
pepadaning ingkang eyang miwah ingkang rama ibu. Sigra tumungkul amarikelu
yayah konjem ing bantala wadanane penganten sarimbit, tangkeping asta sumembah
ing jengku kanan, sinartan aninging cipta rumasuk ing sanibari, anyenyadhang
rumenthahing pangastawa saking ingkang eyang sarimbit, miwah rama ibu, mrih
esthining driya denira mangun brayan hinaywan dening Gusti Ingkang Mahawelas
tuwin Mahaasih. Lir sinendhal mayang jroning galih dupi ingkang rama ibu
inguswa pepadanira dening ingkang putra. Sumedhoting wardaya tan bangkit sinyutan,
sakala ingelus-elus pamindhangane penganten putri winiwir-wiwir remane, kebak
ing rasa asih sutresna. Tan kawawa anandhang duhkitaning galih, waspa mijil
amarawayan. Tumetesing waspa tumiba pangkone ingkang rama ibu, cinandra kdya
mitiara rinonce.
5. Tamu Lenggah ing Sasana Pawiwahan
Kacanarying
penggalih, dupi anuningani yen ta jroning sasana wiwaha kawuryan bak ber
ambalabar sanggyaning para tamu kakung putri, sampun kapareng lenggah satata,
pepak sinaroja. Kapanduking raos ingkang dahat tumanen ing kalbu, saksana
ambuka osiking driya denira sumengka pangawak braja, lir keplasing warastra
lungit.
Prentuling
parasdya miwah esthining prayojana, tanna lyan among daya-daya denirarsa among
swagata, manembrama atur membagyarja konjuk sagunging para tamu minulya.
6. Beksan Gambir Anom Gandrung
(kacandra
nalika gangsa sirep)
Gandrung-gandrung
kapirangu Prabu Anom Gambir Anom, kataman larasmara kayungyun marang kasulitane
Sang Dyah Ayu Siti Sendari, atmajanira Sri Nata Dwarawati. Siyang
pantaraning ratri ingkang ginalih among sang ayu, ingkang kumanthil-kanthil
aneng pandhoning netra, tumus ring tung-tunggging nala. Linali-nali saya
ngalela, ginagas saya ngranuhi, rinasa saya karasa. Dadya sirna kautamaning
nata, lamun siyang tan arsa dhahar lamun dalu tan arsa nendra.
7. Kirab Kanaredran
(Binarung ungeling Gendhing Ketawang Langen Gita
Sri Narendra Pelog Barang)
Regu-regeng
hamerbawa, riisang temanten sarimbit tedhak saking palenggahan, pinapag sang
suba manggala arsa jengkar tilar sasana pawiwahan, kinirabaken ngulati
wahyuning jodho. Tedhak jleg ngampil amparan rukmi, ginarubyug para rumaja
putri saemba putri dhomas horeg kang samya hanjenengi, prasasat kadi narendra
siniwaka satuhu.
Sinten
ta ing ngarsa sung tuladha ingkang minangka senopatining lampah, lah punika ta
warnane sang suba manggala. Dhasar tata tangguh tanggon prapteng ngendon, datan
migkuh salwiring kewuh. Hanngul kendel tindak sapecak mangu sapecak tumoleh,
muhung nuhoni jejibahanipun, supadya rising temanten ingkang katemben winisudha
mboten kasandhunging rata, kabentusing tawang rowang.
Sumambung
ing wuntat lampahe manggalayuda sakembaan. Wondene sawurinipun ana wanodya alit
sakembaran ingkang ketingal sumunar tejane, lamun tingal saking mandrawa,
glewo-glewo kadya golek kencana kang bisa tata jalma.
Sinigeg
gantya kang cinarita, sinten ta ingkang mangun karsa, kang busana lir raja
kabiwadha, lah punika ta rising mustikaning karya sang temanten kekalih nuwun
innggih Raka Mas Bagus …………… kalian Rara Ayu ………, lumampah kekanthen astha,
keket raket renggang gula kemeprur pulut. Kekalihnya sajak lingsem naming suka,
hanggung reremetan asta, nggaita yen sedaya tamu mboten wonten ingkang pirsa,
kajawi pangendhaliswara. Dhasar wus dangu denira hanganti tumapaking pahargyan,
marma sakedhap-sekedhap angunjal huswa hanggeget lathi, karana tansah kadriya
ginupit mangke ing tilam sari.
Lampahira
sang pindha raja ginarubyuk para remaja estri esthining lir putri dhomas.
Dhasar sadaya sami sulistyeng warni, gandhes luwes merak ati. Ing pangajab
benjang lamun diwasa sageda dadosa wanita utami. Wonndene kang kaajab namung
saiji, mugi-mugi benjang winengku satriya sejati, yen ora kaya sing MC trima
prei.
Ingkang kepareng tut wuri handayani lah menika ta
ingkang hamengku karya sarimbit garwa. Hanguningani sanggyaning para tamu
ingkang samya amarwata suka, rumaos bombong berawaning penggalih prasasat sewu
bagya dadya sajuga.
8. Kirab Kasatriyan
(binarung ungeling Gendhing Ketawang Subakastawa
Slendro 9)
Wus
tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa, kentar-kentar
angambar kongas gandanira marbuk arum awangi, sumirat-sirat teja maya-maya.
Saya dangu saya milangoni, saya celak saya angranuhi. Sanyata tejane sang
pinangantyan, mijil saking wisma wiwaha.
Wus
lukar busana katong angrasuk busana satriya, sangsaya ngenguwung prabane, sang
saya mencorong guwayane, sangsaya manteb panggalihe, cinandra kadi Bagus Danang
Sutawijaya atmajanira Ki Gedhe Pamanahan, akekanthen asta kalayan Rara Dewi
Semangkin Atmajanira Sri Sultan Drawa ing Kalinyamat, lagya angenggar-enggar
driya ameng-ameng aneng udyana, mriksani panjrahing sari puspita, ingkang
nendheng mangudhar wewangi.
Sang
senopati kembar kadi Sang Suwandageni atmajane Ki Demang Sangkal putung kalawan
Sang Agung Sadayu, yoganira Ki Sadewa, kekalihipun tus wijil saking tlatah
jatinom. Kang Apindha Putri astha sata anglur selur dalidir kadya putri
boyongan saking wewengkon Predikan ing Toyabiru Sadaya berawa sarta mempen
ing puja puji santi astute santi, basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.
Sinigeg
gantya kang cinarita. Nalika semanten tindakira temanten sekalian ginarubyug
para putri ingkang apindha dhomas. Wonten ingkang ayu, wonten ingkang manis,
kathah ingkang luwes.
Ana
saweneh Kenya kang katingal sakedhap-sakedhap sukune mung tansah diangkat,
sajak ora kuwat. Kapyarsa lamat-lamat sesambat ana ngarsaning Gusti Kang Akarya
Jagad. Adhuh tobat-tobat, tak rewangi tirakat nganti mripatku ora kuwat. Gek mbesuk kapan aku diwengku wong pangkat
sing rawuh akehe ora mekakat, lamarane BMW papat,, ora tau ditinggal mingg….nggon.
Ana
saweneh ingkang ngujiwat eseme, gandhes luwes wiragane, yen guyu dhekik pipine,
ngembang bakung rikmane,mblarak sempal lambeyane. Kapyarsa lamat-lamat
sesambate, adhuh lae-lae, mbesuk kapan aku dijejerke kaya mantene, sing rawuh
hanjenengi semene akehe, bregas kabeh among tamune, cukat trengginas panitiane,
pambiwarane gurune dhewe.
Wondene
ingkang minangka pethiting lampah, punika ta warnanira ingkang hamengku karya
sarimbit garwa. Jroning cipta tansah meminta nugrahaning Gusti kang Maha Kuwasa
mugi putra temanten anggenira lelumban ing alaming bebrayan tansaha manggih
bagya mulya ingkang sinedya rahayu ingkang tinuju. Lulus raharja kalis
pringgabayaning marga, smangke rising temanten wus lenggah ing dhampar
rinengga, lenggah hamarikelu hangrantu laksitaning adicar