Ing buku HA NA CA RA KA ( Bapa Slamet Riyadi ) sing diterbitake dening Yayasan Pustaka
Nusantara Yogyakarta diandharake menawa ngrembug sejarahe aksara jawa anyar
kang uga diarani Sastra Sarimbagan utawa Carakan iku ora bisa dipisahake karo
bab kelairan lan pandhapuke aksara kasebut. Ana konsepsi cacah loro kanggo
nlusuri kelairane aksara jawa yaiku konsepsi tradisional lan konsepsi secara
ilmiah.
Adhedasar
konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji
Saka, crita turun-temurun awujud tutur tinular bab padudon lan kperang
tandhinge Doro lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune
tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majethi. Wusana Dora lan Sembada mati
sampyuh ngeres-eresi. Minangka pangeling-eling Aji Saka banjur ngripta aksara
Jawa legeng cacah rong puluh wiwit saka (a)
nganti (z).
a n c r
k Ana
Caraka (utusan)
f t s w l Data Sawala (padudon,
pancakara)
p d j y v Padha Jayanya (Padha
dene digdayane)
m g b q z Maga Bathanga (Wasana padha dadi bathang)
Iku mau konsepsi secara tradisional bab
kelairan lan panyusune aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20
cacahe lan disusun dadi patang larik iku, mujudake guritan sing gampang
diapalake lan dieling-eling mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis
aksara Jawa.
Dene miturut konsepsi secara alamiah, ana
limang periode aksara Jawa (Studi Paleografi dening Casparis). Periode
kapisan (Aksara Pallawa) dening Bapak Atmodjo diperang maneh dadi loro. Kanthi
mangkono kabeh ana nem periode, yaiku:
1.
Aksara Pallawa tataran wiwitan, digunakake
sadurunge taun 700 Masehi. Contone tinemu ing Prasasti Tugu ingBogor.
2.
Aksara Pallawa tataran pungkasan, digunakake
abad VII lan tengahan abad VIII. Tinemu ing Prasasti Canggal ing Kedu,
Magelang.
3.
Aksara Jawa Kuna kawitan, digunakake taun 750
– 925 Masehi, contone tinemu ing Prasasti Polengan ing Kalasan, Yogyakarta.
4.
Aksara Jawa Kuna tataran pungkasan,
digunakake taun 925 – 1250 Masehi, tinemu ing Prasasti Airlangga.
5.
Aksara Majapahit, digunakake ing taun 1250 –
1450 Masehi. Tinemu ing Prasasti Singosari lan Malang sarta ing lontar
Kunjarakarna.
6.
Aksara Jawa Anyar, digunakake taun 1500
Masehi nganti saiki. Tinemu ing Kitab Bonang lan buku-buku sabubare iku.
Miturut Dr. Purwadi, M.Hum ing buku
Asal Mula Tanah Jawa, nulis yen ana dedongengan liya ngenani aksara
Jawa iki, yaiku asale saka Dewa Panyarikan kang memba sawijing brahmana, aran
Brahmana Srita. Tumurun saka kahyangan menyang tanah Hindustan kang sabanjure
tumuju Tanah Jawa. Tindake menyang Tanah Jawa kekanthen dening brahmana cacah
wolu. Ing Jawa para brahmana mau mulangake tulisan jawa.
Othak-athik mathuk pancen gaweyane wong Jawa.
Klebu werdine aksara Jawa kang rinonce kaya iki :
Ha
(H) urip, Na (Nur), Ca (Cahya), Ra (roh / rasa), Ka (kumpul), Da (dadi), Ta (tetes), Sa (sawiji), Wa (wadon), La (lanang), Pa (pati), Dha (dhadhal), Ja (jiwa raga), Ya (ya Allah), Nya (nyata), Ma (amnungsa), Ga (gilir gumanti), Ba (bakal), Tha (thukul), Nga (ngalam donya).
Yen tembung-tembung ing ndhuwur iku dironce,
aksara jawa cacah 20 iku nduweni uni / teges:
“ Urip (asal saka) nur
cahya (lan) roh (kang) kumpul dadi tetes sawiji (nuwuhi) wadon (lan) lanang,
(samangsa tumekeng) pati, (bakal) dhadhal jiwa ragane, ya Allah, nyata manungsa
gilir gumanthi bakal thukul (ing) ngalam donya”
kanggo para kadang dwija ingkang ngersakaken bahan pawiyatan saget donlot wonten ing aksara jawa PPT
mugya rahayu ingkang sami pinanggih

