basa iku babaring rasa.
pangestu
punika pangajab ingkang satuhu. Pangajab
iku gegayuhan utawa kekarepan. Saranane gegayuhan utawa gegayukan bisa
kasembadan menawa dilakona kanthi manunggaling tekad tementumemen. Aja sok demen ngaku-aku, jalaran
manungsa iku mung saderma hanampa lan hanindakake kagunganNYa. Manungsa urip iku kudu tansah eling lan waspada.
Tegese eling, mangerti marang
sangkan paraning dumadi. Dene waspada,
iku awas lan pada. Mula waspada iku mengku werdi sakehing tumindak kang
ngelingi dunungeng papesthen. Pada iku papesthen, uga ingaran titik, tegese
mandheg. Panguasa iku ora kanggo nguasani,
nanging kanggo ngayomi.
Aja
demen nenacad liyan lamun pribadimu dewe durung resik temenan.
Amrih runtuting karep, elinga marang
patang perkara, yaiku:
Wicara, tegese nggunakna basa kang trep.
Wirasa, tegese kudu ngerti mungguh wirasaning basa.
Wirama, tegese mijileng basa kang wijang, ririh, rereh, lan
patitis.
Wiraga, tegese solah tindak ora nyimpang sopansantun.
Pangolahing rasa hambabar luhuring
budaya.
Aja gumampang ngarep sepele,
kadhang-kadhang bisa dadi gawe
Ati-ati iku amrih rahayu.
Ajining diri saka kedaling lathi lan
pakarti.
Yen kuasa aja kumawasa, yen pinter
aja kuminter, yen sugeh aja sumugih, yen banter aja dimen nglancangi, yen madi
aja mateni.
Watak bebudening setya iku:
Ora golek seneng, nanging bisa gawe
seneng.
Ora golek marem, nanging bisa gawe
marem.
Ora demen pamer, nanging lakuning tansah
mendhem.
Ora golek jeneng, nanging bisa
njunjung jenenging liyan.