minangka sarana pasinaonan siswa kelas X ing pawiyatan SMA/SMK/MA ing laladan Jawa Tengah apadene Jawa Wetan. Serat Wedhatama iku ngemu surasa pitutur supaya bocah-bocah kang ing jama saiki (KEKINIAN) tetep bisa ngugemi lan ngamalaken adat budaya ketimuran ing urip padinan minangka dadi ciri kang mahanani ing sekabehane.
SERAT
WEDHATAMA

PUPUH I
P A N G K U R
01
P A N G K U R
01
Mingkar-mingkuring ukara, akarana
karenan mardisiwi. Sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta
pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji.
“ngeker
nafsu angkara sing ana ing njero awake dhewe, amarga nduweni karep nggulawentah
putra-putri. Senadyan ana ing tembang, kanthi pepaes kang maneka warna, supaya
hakekate ilmu luhur (budi pakarti) bisa ngrasuk, kang wis mapan ing tanah Jawa
(nuswantara). Agama minangka “dodote” panguripan”.
02
Jinejer ing Weddhatama, mrih tan
kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yekti
sepi sepa lir sepah asamun,samasane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi.
“Kapacak
aneng njero serat Wedhatama, supaya ora mlarat babagan kawruh, senadyan wis tua
lan piku, Manawa ora mangerti babagan rasa kang sejati (batin), bakale suwung
tanpa migunani, kayadene larahan, tanpa guna, ing saben pepanggihan, asring
tumindak cubriya ngisin-ngisinake.”
03
Nggugu karsane priyangga, nora
nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran balilu, uger guru aleman, nanging
janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun samudana, sesadoning adu manis.
“Nuruti
kekarepane dhewe, ora nganggo kira-kira (waton sulaya). Ananging ora gelem diarani
bodho, asring ngarepake pengaleman. Ananging manungsa sing wis mangerteni
babagan ilmu sayektine ora bisa kabedhek amarga nduweni watek andhap asor,
asring becik prasangkane.”
04
Si pengung nora nglegewa,
sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar angendukur, kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha ngalah, ngalingi marang
sipingging.
“Si Bodho ora rumangsa, gunemane
sangsaya ndadi, gunemane nglantur ora nganggo tatanan, gunemane ora mokal,
sangsaya suwe langka titilarase. Si Wasis luwih waskita lan lembah manah,
nambeli alane si Bodho.”
05
Mangkono ilmu kang nyata, sanyatane
mung we reseping ati,bungah ingaran cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya
si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina dina, aja mangkono wong urip.
“Mangkono sing
diarani ngilu kang nyata, kasunyatan nggawe tentreming manah, ora susah
kawastanan cubluk (bodho), parisuka mapan ing batin. Ora kadya si Cubluk tansah
ngarepake pengaleman , pengaleman ing sabendina. Dudu kaya mangkono adate wong
ngaurip.”
06
Uripa sapisan rusak, nora mulur
nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing maruta,
gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha, prandene
paksa kumaki.
“urip mung sepisan wae rusak, nalare pating sluwir ora ngrembaka.
Upama guwa kang peteng tur serem, kasaput ing angin, swarane gemrengeng,
nggerem-nggerem lan mbengung. Kayadene wateke pawongan anom, suprandene solah
tingkahe kemaki.”
07
Kikisane mung sapala, palayune
ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah iya ingkang rama,
balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama, nggon-anggon agama
suci.
“sejaning uripe amung saderma urip. Amung ngandelake bapa
biyunge sing misuwur lan torah bandha. Kuwi rak
wong tuwamu!!, dene sliramu srawung wae durung marang yektine ngelmu luhur ana ing njerone
agama kang suci.”
08
Socaning jiwangganira, jer katara
lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul, sumengah sesongaran,yen mangkono
kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran, nora enak iku kaki.
“Pangilone saka nyawa sing ana ing njero ragamu. Sayektine Katon
cetha senadyan pocapane alus, watak wegah kasoran menange dhewe . yen mangkono
bisa diarani wong sing katungkul, kelem ing banyu kawibawan, ora kepenak kuwi
nak !!!
09
Kekerane ngelmu karang, kakarangan
saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan rumasuk ing jasad, amung aneng
sajabaning daging kulup, Yen kapengkok
pancabaya,
ubayane mbalenjani.
ubayane mbalenjani.
“Ing sanjerone ilmu rekadaya. Direka-reka saka samubarang
kang ghaib, iku kayadene boreh. Nora mokal ngrasuk ing awak, amung ana ing
saknjabane daging. Manawa kapengkok ing prakara bisane amung ngilari.”
10
Marma ing sabisa-bisa, babasane
muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping angganira, Ana uga angger
ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing siang ratri.
“mula saka iku sabisa-bisane,
mbudidayakna tansah duweni ati kang apik, nggegurua kanthi bener, kang jumbuh
lan sreg tumrape awakmu. Uga ana paugeran lan tuntunaning nagari, minangka
syarat tumrape wong ngawula, kang kanggo rina kalawan wengi.”
11
Iku kaki takokena, marang para
sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa nahen hawa, Wruhanira
mungguh sanjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin muda sudra kaki.
“mangkono iku nak, takonana marang para sarjana kang golek
ngilmu , marang tapaking patuladhan kang bener, bias ngeker hawa lan nepsu,
kawruhmu ya sanyatane ngilmu kang ora kudu dikuasani wong tuwa, bias uga wong
kang isih anom utawane kang mlarat, nak !”
12
Sapantuk wahyuning Allah, gya
dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh mangukut, kukutaning
Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh sepi hawa, awas
roroning ngatunggil.
“sapa bae kang nampa wahyuning Allah, kanthi pana
nggulawentah ngilmu kang luhur, bisa nguwasani ngilmu kasampurnan,
kasampurnaning jiwa raga, mula saka mangkono mau bias diarani wong tuwa, ngedohake
saka hawa napsu lan tansah awas manunggaling kawula kalawan Gusti.”
13
Tan samar pamoring Sukma, sinukma ya
winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu, Pambukaning waana, tarlen saking
liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena, sumusuping rasa jati.
“ora bakal samar sukma nyawiji ngresep mapan aneng sepining
tapa brata, dipapanake aneng njerone ati bias mbukakake aling-aling,
Kawiwitan saka nalar lan orane, kaya dene uculing impen,
nyawijine rasa kang sejati.”
14
Sajatine kang mangkono, wus kakenan
nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung, tan karem karamean, ingkang
sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane wong anom sami.
"ARUM KUNCARANING BANGSA DUMUNUNG ANENG LUHURING BUDAYA"
makaten ingkang sa,pun dipun ngendikakaken dening panjenenganipun Susuhunan Paku Boewono X saking Kraton Surakarta Hadiningrat
manawi ingkang ngersakaken file doc saget ngundhuh wonten: mriki!