PARAMASASTRA

A. Tembung
Tembung (kata) : Kumpulane wanda (suku kata) kang duwe teges. Tembung kang mung sawanda diarani wod.
  
Wernane tembung  
Tembung lingga (Kata dasar)               :            Tembung kang durung uwah soko asale

Tembung andhahan (Kata jadian)        : Tembung kang wis owah saka asale kanthi diwenehi Ater ater (Awalan),Seselan (Sisipan),Panambang (Akhiran).

Ater-ater
·         Ater-ater Hanuswara (swara irung)
Ater-ater hanuswara nduweni sipat “ngluluhake” tembung lingga.
m             (m+bathik=mbathik)
n              (n+tulis=nulis)
ng            (ng+kethok=ngethok)
ny            (ny+cuwil=nyuwil)

·         Ater-ater Tripurasa
Ater-ater tripurusa nduweni sipat “ora ngluluhake/ ngajegake” tembung lingga.
dak             (dak+pangan=dakpangan) purusa utama
ko               (ko+jupuk=kojupuk) madya purusa
di                (di+goreng=digoreng) purusa katelu
·         Ater-ater liya
a                 (a+lungguh=alungguh)
ma           (ma+lumpat=malumpat)
ka            (ka+gawa=kagawa)
ke            (ke+sandhung=kesandhung)
sa            (sa+gegem=sagegem)
pa               (pa+lilah=palilah)
pi             (pi+tutur=pitutur)
pra                    (pra+tandha=pratandha)
tar           (tar+buka=tarbuka)
kuma       (kuma+wani=kumawani)
kami        (kami+tuwa=kamituwa)
kapi         (kapi+temen=kapitemen)

Seselan
um                    (..um..+guyu=gumuyu)
in                (..in..+carita=cinarita)
el             (..el..+siwer=seliwer)
er            (..er..+canthel=cranthel)

Panambang 
i                  (kandh+i=kandhani)
ake             (jupuk+ake=jupukake)
ne            (teka+ne=tekane)
e              (omah+e=omahe)
ane          (jaluk+ane=jalukane)
ke            (kethok+ke=kethokke)
a              (dudut+a=duduta)
na            (gawa+na=gawakna)
ana          (weneh+ana=wenehana)
en            (lepeh+en=lepehen)
ku               (buku+ku=bukuku)
mu              (klambi+mu=klambimu)
e              (omah+e=omahe)

Jinising Tembung:
Tembung aran (Kata benda) : Sakehing tembung kang tuduh arane barang. 
contone: (Omah,iman).
Tembung kriya (kata kerja) : Sakehing tembung kang tuduh pakaryan.
contone: (Turu,mlaku mlaku).
Tembung wilangan (Kata bilangan) : Tembung kang tuduh cacah.
contone: (Siji,separo,kapisan).

Tembung kaanan (kata sifat) : Tembung kang tuduh kaanan lan watak. Manggon ing sakmburine tembung aran.
Contone (Gedhe,sregep,abang).
Tembung katrangan (kata keterangan) : Tembung kang nerangake tembung kriya lan liya liyane kejaba tembung aran.
Contone: (Angler,cepet).
Tembung tetenger (kata sandang) : Tembung kang nyandhangi tembung aran.
Contone: (Si,sang).
Tembung ancer ancer (kata depan) : Tembung kanggo nggandeng tembung sajroning ukara.
contone: (Lan,ing).
Tembung panyambung (kata sambung) : Tembung kang kanggo nyambung ukara.
contone: (Dene,nanging).
Tembung sesulih (kata ganti) : Tembung kang kanggo nyulihi jeneng barang utawa wong.
contone: (Aku,iki,apa).
Tembung pangguwuh (kata seru) : Tembung kang tuduh ngudarasa. contone: (Adhuh,oh).
Ayahane tembung (jabatan kata):
Jejer (Subyek), Wasesa (Predikat), Lesan (Obyek), Katrangan (Keterangan).

1.    Tembung Tanduk (aktif)
Tanduk kriya wantah : Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara tanpa panampang.  
Contone: (maju (m+aju))
Tanduk i kriya : Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang i.
contone: (nyirami(ny+siram+i))
Tanduk ke kriya: Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang ke utawa ake.
Contone: (nyelehake(ny+seleh+ake))

2.   Tembung Tanggap (Pasif)
Tanggap tripurusa : Tembung sing diwenehi ater ater tripurusa lan panambang i utawa ke.
Contone: (Dikandhani(di+kandha+i))
Tanggap na: Tembung sing wenehi seselan in.
Contone: (Tinuku(tuku+in))
Tanggap tarung : Tembung dwilingga diwenehi seselan in.
contone: (Gebuk ginebug(gebug gebug+in))
Tanggap ka: Tembung sing diwenehi ater ater ka.
Contone: (kathuthuk(ka+thuthuk))

3.  Tembung Rangkep
Tembung rangkep yaiku sekabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bias sakabehing tembung utawa mung sawandane bae.
Tembung rangkep ana telung werna, yaiku:
a.    Tembung Dwilingga, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.
1)     Dwilingga padha swara
Tuladha:        bapak-bapak
  Bocah-bocah
  Guru-guru
2)     Dwilingga salin swara
Thuladha       bola-bali
         Mrana-mrene
         Wira-wiri
3)     Dwilingga semu
Thuladha:      ondhe-ondhe
Undur-undur
Andheng-andheng
b.    Tembung Dwipurwa, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing ngarep
Thuladha:    laku-lelaku
Jupuk-jejupuk
Tuku-tetuku
c.      Tembung dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaing pindho mung wanda sing mburi.
Thuladha:   cekak-cekakak
Cekik-cekiki
Cenges-cengenges           


4.    Tembung Camboran (Kata majemuk)
Tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji.
a.     Camboran wutuh : Tembung loro dirangkep tanpa ngurangi wandane.
»Tembung saroja           (Sanak kadang).
»Yogaswara.                   (Dewa dewi).
»Baliswara.                     (Mahabarata).
b.     Camboran tugel :
»Tembung garba.        (Yaiku (iya+iku)).
»Keretabasa.               (Wedang (ngawe+kadang)).
c.      Camboran tunggal :
Tembung loro dirangkep dadi siji tur ora kena dipisahake amarga duwe teges anyar.
contone: (Sakaguru).
d.     Camboran wudhar :
Tembung loro dirangkep dadi siji nanging ijen ijene tembung isih duwe teges dhewe dhewe.
contone: (Gedhe cilik).



B. Ukara (Kalimat)
Ukara yaiku tembung kang kasusun miturut pranata basa kang maton.
Wernane ukara:

Ukara lamba : Ukara kang anduweni jejer lan wasesa.
contone:    (Bapak sare(jejer+wasesa)).
(Aku mangan tela(jejer+wasesa+lesan)).
Ukara elip : Ukara kang tanpa jejer utawa wasesa.
contone:    (Klambiku anyar(jejer+katrangan)).
(Nulisa!(wasesa)).

Ukara rangkep: Diarani uga ukara rowa (Ukara lamba sing dirangkep loro).
contone:    (Ibu lagi masak,bapak ngunjuk kopi).
(Nalika bapak tindak,ibu tunggu omah).

 Ukara carita (Kalimat tak langsung) : Ukara kang nuduhake kedadean kang dirasa,diweruhi,dirungu utawa pitutur.
contone:    (Gula iku legi)
 Ukara kandha (kalimat langsung).
 Bisa rupa :
    1. Ukara pitakon (Kalimat tanya): Ukara kang kang kanggo ngudhar barang kang durung dingerteni. 
contone: (Jenengmu sapa?).
    1. Ukara pakon (Kalimat perintah): Ukara kang kanggo murih wong liya nindakake pakaryan sing karepake.
contone: (Adusa disik!)
    1. Ukara pangajak (Kalimat himbauan): Ukara kanggo murih bebarengan nindakake pakaryan sing dikarepake.
contone: (Becike perkara iki dirembug).
    1. Ukara panjaluk (Kalimat permohonan): Ukara pakon kang ditembungake kanthi alus.
contone: (Kulo aturi ngrantos sakuntawis).
    1. Ukara umpama: Ukara kanggo ngudarasa lelakon kang wus kebacut.
contone: (Umpama awakmu mampir,tak wenehi oleh oleh).
    1. Ukara pengarep arep: Ukara panjaluk kang kawiwitan tembung sepadhane muga muga.
contone: (Muga muga Basa Jawa tetep lestari).
    1. Ukara janji: Ukara kang mengku pangebang ngebang.
contone: (Yen sregep ngibadah,bakal nemu begja)
Previous
Next Post »
loading...