Omah Jawa tetela cakrike warna-warna. Wujude omah Jawa isih kagolong prasaja. Nanging tansaya suwe banjur sansaya ngrembaka sarta pepak, laras karo mekaring kabudayan sarta kabutuhan panguripaning manungsa. Sawetara wektu kepungkur, panaliten ngenani sawarnaning wangunan omah Jawa diadani dening Proyek Inventarisasi Dan Dokumentasi Kebudayaan Daerah Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan. Minangka asiling palapuran, kababar buku asesirah, “Arsitektur Tradhisional Daerah Istimewa Yogyakarta” dening Drs. Hj. Wibowo, Drs. Gatut Murniatmo, Sukirman Dh (tim dhaerah) lan Drs. Sugiarto Dakung (pusat).
Katetepan laladan Yogyakarta minangka papan panaliten, yaiku kanthi dhasar yen Dhaerah Istimewa Yogyakarta iku mujudake sawijining papan panggonan kang dadi pusate wangunan arsitektur tradhisional Jawa. Laladan Yogyakarta (Kota Gede, Kerta, Plered), iku mujudake tilas Kraton Mataram Islam, Yogyakarta uga dadi padununge Kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Mula papan sing kanggo sampel panaliten yaiku ing wilayah-wilayah kasebut. Kayata wilayah kecamatan Kraton lan Kotagede (Kota Yogyakarta), sarta Plered (Bantul).

Saka pelapuran iku ing antarane kaandharake babagan wewangunan omah Jawa sing kaperang dadi limang cakrik. Yaiku saka cakrik omah sing paling prasaja engga wujud wewangunan sing luwih sampurna. Arane omah cakrik Jawa, yaiku panggangpe,
Jinis-jinis omah Jawa kasebut nuli tansaya mekar ngrembaka kanthi muncule variasi (cakrik, bentuk) sing mawarna-warna. Ing kalodhangan iki bakal kaaturake bab arane jinis omah Jawa sarta wujuding warna-warna variasi omah Jawa.
Yaiku:
1. dereng cekap
1. dereng cekap