BUSANA JAWI GAGRAG SURAKARTA

A.    PAMBUKA
A
rum kuncaraning bangsa dumunung aneng luhuring budaya’  sabda dalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana Kaping Sadasa, sampun mboten kirang gamblang nyebataken bilih arum sarta kuncaraning bangsa lan nagari menika gumantung wonten luhuring budaya.  Budaya Jawi sampun paring pitedhah bilih uwoh pangolahing budi sinarengan tindak-tanduk kang utami mahanani dados satunggaling budaya ingkang tuwuh perbawanipun.  Kaperbawan ingkang anjokipun dumateng raos pangraos ingkang langkung lebet hanggenipun sumengkem dhumateng Gusti Pangeran ingkang Murbeng Gesang.  Wewujudanipun uwohing budaya Jawi ing antawisipun, tatacara upacara, gendhing, pedhalangan, ringgit purwa, macapat utawi tetembangan, subasita tatakrama, joget, tatabusana lan sanes-sanesipun kathah sanget ingkang sak menika sampun dipuntilar mboten dipun gulang utawi sinau, tuladhanipun bab tata busana manawi menika dipunginakaken inggih namung badhe hanetepi adat lupiya. Pramila kathah ugi ingkang hanggenipun mangangge utawi ngagem sak-sakipun kemawon mboten mawi paugeran, sak menika priyantun namung saget hangagem kemawon nanging mboten saget sarta mboten mangertosi makna ingkang sinandhi. Langkung saking menika, gumbregutipun tiyang amanca nyinau bab bathik sarta ageman jawi, malah kepara kathah tiyang jawi ingkang kabisturon sarta mboten menggalih kawontenan menika. Kawontenan makaten menika sanget mrihatinaken tumrap kawontenanipun budaya Jawi mliginipun budaya Jawi ingkang asumber saking Karaton Surakarta Hadiningrat.

B.     PANGERTOSAN AGEMAN TUMRAP KEJAWEN
Pangertosan ageman utawi sandhangan miturut kajawen utawi budaya Jawi menika wonten kalih perangan inggih menika sandhangan lahir saha sandhangan batin.  Beblesipun panyuraos sampun kaserat dening pujangga dalem ISKS Paku Buwana IV Karaton Surakarta Ki Sastranagoro utawi Ki yasadipura II wonten ing serat  Sanasunu pupuh Dhandhanggula pada 11 – 12  bab ageman Jawi ingkang Gancaranipun:
1. Gantya warna ingkang kaping kalih//linairken sira aneng donya//sinung sandhang lan pangane//yeku sira den emut//tuwa sandhang kalawan bukti//lairing kang manungsa//saking garbeng ibu//jabang tan banjur dinulang//sayektine sandhang popok kang rumiyin//ya sandhang ya mbok donya.
2.    Iya pangan iya mbok rejeki//karo iku apan tatariman//saking hyang amurbenge//mbok donya bojo sepuh//mbok rejeki bojo taruni//den bisa momong sira//tariman ro iku//mbok donya garwanta tuwa//yeku ingkang melu urip melu mati//de garwanta taruna//

Sandhangan lahir tumrap manungsa sampun mastani ing unen unen “ajining raga ana busana dados raga saget dipun ajeni utawi dipun aosi manawi manungsa menika tansah hanjagi wontenipun busana ingkang ka-angge, hawit awonipun busana mahanani tiyang menika mboten saget hanjagi prajanipun (penampilannya).  Resiking ageman ugi mahanani reseping pandulu sarta pangganda.  Dene sandhangan batos utawi sandhangan batin inggih menika kiyating raos hanampi sadaya panandhanging gesang sae menika kabingahan menapa dene kasisahan.
Dene kados pundi caranipun hareresik ageman batos menika, manawi ageman lahir reget lajeng kagirah kapepe?
Miturut andharan wewarah kejawen resikipun sandhangan batos menika namung lumantar panyuwunan mertobat dhateng Gusti Ingkang akarya jagad sarta mboten badhe handuwa sadaya ingkang “kasandhang” utawi kataman dening manungsa.  Sumendhe ing ngarsaning Gusti sarta hanetepi watak satriya Jawa ing jiwaning satriya Jawa inggih menika ngrumaosi manawi dipun titahaken, manawi sampun rumaos dipuntitahaken kedah nindakaken wajibipun titah ing ngalam donya, sarta tansah nyawiji dhumateng ingkang nitahaken inggih menika Gusti Pangeran Ingkang Akarya Loka jagad sakalir.
Kanthi punika ageman Jawi dados pepenget tumrap sok sintena kemawon ingkang hangrasuk busana Jawi kedah mangertos werdi sarta trep – trepanipun, inggih saking werdi sarta trep –trepanipun mangagem utawi mangangge ka-ajab badhe dipun tuntun kaliyan makna sinandhi ingkang sumimpen wonten ing ageman Jawi.
Kajawi hanjagi saking asrep lan benteripun panas, ageman mracihnani dununging kasusilan sarta kaprajan (harga diri), ingkang sampun lumampah kanthi run temurun ing Karaton Jawi.

C.    SEJARAHIPUN AGEMAN JAWI GAGRAG SURAKARTA
Ngrembag bab busana jawi ing Surakarta punika boten saget uwal saking budaya Jawi, jalaran busana Jawi kalebet wohing budaya Jawi.  Dene budaya Jawi ing ngriki, tegesipun budaya Jawi ingkang sumberipun saking Karaton Surakarta.
Busana tatanan Karaton Surakarta punika ing sakawit jaman jumenengipun Sinuhun  Paku Buwana ingkang kaping III rikala hamarengaken Kanjeng Pangeran Mangkubumi, ingkang rayi saking Sinuhun Paku Buwana II (tasih Bapa Paman piyambak kaliyan PB.II) kepareng hangrenggani Karaton Ngayogjakarta jumeneng Sultan Hamengku Buwana I, busana lami ingkang dados tetilaran saking Majapahit, Demak, Pajang, saha Mataram kasuwun dening Pangeran Mangkubumi kagem ing Karaton Ngayogjakarta kados ingkang sami dipun wuningani ing wekdal sakpunika.  Kanthi makaten Sinuhun Paku Buwana III ing Surakarta lajeng hanganggit lan iyasa busana tumrap Surakarta ngantos sepriki kados ingkang wonten punika, sinaosa rikala Sinuhun Paku Buwana IX lan Sinuhun Paku Buwana X ngawontenaken ewah-ewahan sawetawis.


Gb.01. Karaton Surakarta syah madeg dados nagari

Menggah ingkang badhe katerangaken ing ngandhap punika, bab pangageman Jawi Surakarta tumrap kakung, ingkang kalimrah sami dipunagem ing wekdal punika.  Dene katerangan punika, awewaton wewarah dalem Sampeyandalem  Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwana IX rikala taksih asma Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Anom.
Hanyenyandhang manganggo iku dadya sarana memangun manungsa njaba njero, marmane pantesen panganggonira, trepna pangetrepaning panganggon, cundhukna kalawan kahananing badanira, kalungguhan miwah pepangkatanira”

Makaten pangandhika dalem ISKS Paku Buwana IX rikala tasih jumeneng pangeran pati, ngemu pikajeng dhateng kasusilan.  Tegesipun kedah saget jumbuhaken dhateng pribadinipun piyambak ingkang jumbuh kaliyan tatalair lan batin. Cundhuk kaliyan kalungguhan sarta pepangkatanipun miwah trep-trepanipun panganggen.
Ing alam sak punika tiyang Jawi manawi mangangge sandhanganipun sampun boten dipunpersudi malih, malah kathah ingkang waton mangangge boten mangangge mawi waton.   Manawi badhe dados tiyang Jawi punika kedah saged ngasoraken dhiri murih sengseming sesami, aja seneng diarani wong gedhe nanging sejatine dudu.  Sabab sandhangan punika sampun saget mastani kalungguhan miwah pepangkatanipun, manawi wonten priyantun ingkang mangertos dhateng kasusilan manganggenipun boten badhe sapikajengipun piyambak, kedah ngemuti dhateng wewaton. Limrahipun ing bebrayan namung dhasar tiru-tiru, kalebet para juru paes tasih kathah ingkang sami boten nyumerapi tataning panganggon, kamangka bab tata busana punika, wonten beda bedanipun, trep-trepanipun punika ingkang dipun wastani jembaring budaya Jawi.

....... ngenjang malih....


dipun sadur saking: http://sma4surakartabasajawa.blogspot.co.id/2013/05/
Previous
Next Post »
loading...