Ana ing pamulangan bocah-bocah
saliyane diwulang kawruh liya-liya, becike iya diperdi bab tata krama. Upamane
nalika teka mlebu sekolah ngadhep gurune , dilelatih matur :
1. “Sugeng enjing, wilujeng enjing,
sugeng sonten” lan sapanunggalane, apese iya manthuk tandha aweh hurmat.
2. Nalika kasep mlebu kelas,
kamangka wulangan wis lumaku kudu matur: ”Nyuwun pangapunten, kula kasep
jalaran jawah “. upamane. Ora kena mbludhus bae mlebu kelas terus lungguh
bangkune.
3. Nalikane nuju arep metu saka
kelas marga arep menyang pakiwan, upamane , ora kena ndadak metu mbludhus bae,
nanging matur gurune dhisik: “Bu Guru, keparenga kula badhe dhateng wingking.”
4. Yen sesuke arep ora mlebu, iya
pamit. Dene yen ana keperluan dadakan nganti ora kober nyuwun pamit luwih dhisik,
ing dina sesuke nalika mlebu maneh, enggal matur apa sebabe dene wingi ora
mlebu.
Ana guru kang
nggresah, jare saiki iki, bocah-bocah angel wulang-wulangane bab tata krama.
Kudune mung arep mbantah bae, awit kira-kira bae padha nduweni panemu yen tata
krama iku kudu dibuwang marga tinggalane kaum feodal. Ana uga kang ngira, yen tindak
tanduk kang sarwa alus iku dianggep tindake wong kang jirih. Kosok baline,
tindak tanduk kang kasar dianggep patrape wong kang kendel. Bocah-bocah kang
susila, ora ateges bocah kang jirih lan ora nduweni greget maju, nanging bocah
kang bisa aweh pakurmatan marang sapa bae kang pantes dihurmati. Wedi sabarang
tindak kang klebu larangan lan kang mitunani wong liya. Wani ngakoni kaluputane
dhewe, nanging iya wani ngandhemi bebener lan tekade kang wis dadi keyakinane.
Murid kang sopan lan ngerti
marang tata krama iku :
a. Yen kepapag gurune ana ing
dalan, ora bakal mlayu ngenthar, nyingkiri. Balik malah sareh mapagake sarta
asung kurmat kanthi manthuk.
b. Yen ketemu gurune ana ing toko
utawa panggonan liya, ora ndadak ndhelik amping-ampingan wong liya, nanging
panggah tenang kaya ora ana sapa-sapa. Yen gurune mriksani , malah banjur asung
kurmat.
c. Yen ana sajrone kelas, arep
nyuwun pirsa wulangan, ora ndadak enggone ngaturi sarana suwat-suwit utawa
tangane ngetheki kaya yen ngundang pitik kae. Nanging sarana ngacungake tangane
sarta matur :” kepareng nyuwun pirsa”.
Bocah-bocah iku ing tembe kang
dadi kekembanganing bangsa. Iya nom-noman kang saiki iki kang bakal gumanti
para sepuh enggone mbanjurake dadi panuntune bangsa. Mula saka iku ,
bocah-bocah kudu nduweni rasa-pangrasa marang ajining dhiri, ajining bangsa,
kudu nggegulang tata-krama kang laras karo jamane. Aja gampang kelud marang adat
pakulinan manca (luar negeri) kang ora mesthi mathuk marang tata cara kabangsan
kita.
Bocah-bocah kita becike padha
nduweni semboyan :” Putraning bangsa kudu ngerti tata krama”. Aja dumeh wis dadi wong gedhe
mardika banjur ora gelem nindakake suba sita lan unggah – ungguh marang wong
tuwa lan gurune.
·
Aja dumeh pemudha wis nate labuh bangsa, banjur ora perlu ngurmati
sapadha-padha.
·
Aja dumeh wis rumangsa pinter banjur rumangsa kudu diajeni,
nanging lumuh ngajeni.
·
Aja dumeh duwe pangkat dhuwur , banjur lali marang kamardikaning
liyan lan ora ngurmati wewenanging liyan.
Lire : Para murid, kajaba sregep ngundhakake kawruh, supaya
pinter ing bab wulangan, wasis ing bab kagunan , uga wajib ngerti marang
tata-krama. Srawunge bocah-bocah kudu cedhak karo gurune nanging aja ninggalake
tata krama lan suba sita. Ora kena matur marang gurune mung nganggo basa ngoko
bae, kaya caturan karo kancane dhewe.