ANDE-ANDE
LUMUT
Satriya selisih. Panji Asmara
Bangun nilar saking Kraton Jenggala ngupadi garwanipun ingkang nembe lolos
saking Taman Tambakbaya. Ingkang peparap Galuh Candra Kirana / Dewi Sekartaji
dumadinipun. Ande-ande Lumut sarta panggih Kleting Kuning wonten Desa Dadapan.
Budaya
Adi Luhung
Mangga
Dipun Sengkuyung
Murih
Ngrembaka
Ing
Tanah Jawa
KARAKTER
TOKOH
Klana
Muda Asmara : 30 tahun, bagus gagah wibawa, watak jahat
Patih
Klana Pati : 42 tahun, kasar brangasan, tanggungjawab negara
Putri
Kadang Daruwati : 18 tahun, cantik, gandes, luwes, kemayu, judas
Mbok
Randha Sambega : 63 tahun, tuwa, ayu, sabar, manut karepe anak
Kleting
Abang : 28 tahun, ayu, judes, kasar, wani karo wong
tuwa
Kleting
Biru : 26 tahun, ayu, galak, kendel, kemayu, tregel
Kleting
Ijo : 24 tahun, ayu, manutan, ela-elu
Kleting
Jambon : 18 tahun, ayu rongeh, kemayu, nakal
Kleting
Kuning : 20 tahun, ayu, meneng, ngalahan, sregep
Kleting
Ganyong : 16 tahun, weteng gede, elek, lucu, seneng belo
bener
Jaga
Gerdu Somo : 40 tahun, lucu tokmis
Bojo
– Semi : 37 tahun, lucu, galak
Yuyu
Kangkang : 30 tahun, tukang yabrangke wong ayu-ayu
Mbok
randha DDP : 48 tahun, lembah manah, sabar, seneng tetulung
Ande-ande
Lumut : 28 tahun, bagus, meneng, wibawa
LAMPAHING PAKELIRAN
1.
Kadipaten
Gedah Sinawung
Klana
Muda Asmara. ngalamun mbayangke ayune Galuh Candra Kirana / Sekartaji. Patih Klana Pati
ngelingke, Klana Muda Asmara mbanjur eling sumpah yen ora kelakon dadi garwane
Sekartaji luwung mati.
Tekane
Putri Daruwati gandrung karo Priyo saking Jenggala sesilih. Panji Asmara Bangun
kakange Klana Muda Asmara ngelingke dadi sadar njur ajak menyang Jenggala
budal.
2.
Desa
Telasih Pasiraman
Mbok
Randha Telasih di adep anak-anakke para Kleting. Kleting Abang krungu ing desa
Dadapan Jaka Bagus sing jenenge Ande-ande Lumut pengen ngunggah-unggahi. Kabeh
melu budal. Tekane Kleting Kuning lan Kleting Ganyong krungu mbakyuni lunga
ngunggah-unggahi njur melu di dandani mbok randha dipupuri telek lencung budal.
3.
Pos
Rondan Dagelan
Pak
Somo + Mbok Semi
Guyonan
kepengen mangun bale wisma wong bebojonan kapan duwe anak. Pak Somo pengen duwe
anak wadon. Mbok semi pengen duwe anak lanang. Pada rebut bener. Mbok semi
pamit mulih njupuk sega karo wedang (wayahe arep surup) tekane Kleting Abang CS
arep nunut turu gandeng bengi. Sesuk
diteruske. Pak Somo gagasan nusul turu mlebu para kleting pada jerit
bengok-bengok mlayu kabeh tekane mbok Semi ngerti ngamuk. Pak Somo dikabruki
mlayu. Digondeli
4.
Kali
Sugihan
Yuyu
Kangkang jogetan rampung weruh wong ayu-ayu ambles delik. Para kleting arep
nyabrang kaget kaline banjir bingung Kleting Abang celuk-celuk tukang yatang
njedule yuyu kang kang. Padha kaget wedi takoni kon nyabrangke saguh jaluk upah
ambung. Padha saguh sabrang ke kabeh tekane Kleting Kuning jaluk tulung yuyu
moh njur disabet Pusaka Sada Lanang yuyu malih Klana Muda Asmara nututi budal.
5.
Desa
Dadapan Panggungan
Bagus
Ande-ande Lumut lungguh panggungan karo nggawa buku. Dene Mbok Randha ana
ngisore panggungan. Tekane para klenting sing arep ngunggah unggahi. Kabeh
padha ditampil do bali tekane Klenting Kuning di siya-siya mbok randha. Pungkasane
Klenting Kuning ditampa mbok randha nesu-nesu Ande-ande Lumut jarwa terang yen putra Jenggala Mbok Randha
njaluk ngapura tekane Klana Muda Asmara jaluk Sekartaji dadi prang Klana tamani
pusaka sada lanang karo sekartaji sakala lumpuh njur mertobat Asmara Bangun +
Dewi Sekartaji kundur Jenggala mbok Randha Dadapan di boyong Jenggala Purna.
DAPUKAN
+ PARAGA
1.
Kadipaten
Gedah Sinawung
Klana
Muda Asmara :
Patih
Klana Pati :
Prajurit :
Kadang
Putri Daruwati :
2.
Desa
Telasih + Pasiraman
Mbok Randha Telasih :
Kleting Abang :
Kleting Biru :
Kleting Ijo :
Kleting Wungu :
Kleting Jambon :
Poro Kleting :
Kleting Kuning :
Kleting Gayong :
3.
Pos
Gerdu Desa Sawangan
Pak Somo :
Mbok Semi :
4.
Kali
Sugihan
Yuyu
Kangkang :
5.
Desa
Dadapan
Mbok
Randha :
Bagus
Ande-Ande Lumut :
KADIPATEN
GEDAH SINAWUNG
Patih Klana Pati : Kanjeng Adipati, Nyuwun Pangapunten ketingalipun wonten ingkang
dipun penggalih, sak lebetipun manah mangga kersa paring dawuh dumateng Klana
Pati.
Klana
Muda Asmara : Tih Klana Pati
Tih
Klana Pati : Dawuh dalem kanjeng adipati
Klono Muda
Asmara : Apa kaya ngene rasane wong nandang wuyung mangan ora doyan, lungguh
ora jenak, sare ora kepenak, anane mung tansah ketok ketoken. Galuh Candra
Kirana ya Dewi Sekartaji mbesuk kapan aku bisa klakon mboyong sliramu wong ayu.
Tih Klana Pati : Kanjeng Adipati, keparengna matur prekawis. Dewi sekartaji sampun
dipun pundut garwa Panji Asmara Bangun saking Kraton Jenggala.
Klana Muda
Asmara : Tih Klana Pati, ora idep Sekartaji duwe garwa rawe-rawe tak rantas
malang-malang tak putung aku sumpah tih wurung nggonku mundut garwa ku kutha
jagate tak enteng ke patiku.
Kadang
Putri Daruwati : Kang mas adipati aku sing sowan.
Klana
Muda Asmara : Kene-kene yayi Daruwati kadengepun kakang
Putri
Daruwati : Hiya-hiya Kang Mas Dipati
Klana
Muda Asmara : Yayi Daruwati iki mau mentas saka ngendi wae
Putri Daruwati : Kang mas dipati aku saka taman kaputren. Dene aku sowan mrene aku
jaluk di daupke karo kang Panji Asmara Bangun.
Klana
Muda Asmara : Yayi Daruwati nggonmu ketemu kapan
Putri Daruwati : Mau bengi kang mas kurang luwih tabuh 10 aku mbanjur nglilir
manggih guling
Klana
Muda Asmara : Yen ngana kowe kuwi jebul mung ngimpi
Putri
Daruwati : Hiyo kang mas, aku njaluk di daupke yo kang
mas
Klono Mudo
Asmara : Tih Klana Pati ngirita bregadane prajurit derekna tindakku karo kadangku
daruwati tumuju Jenggala
Tih
Klana Pati : Sendika dawuh kanjeng keparenga lumengser
medal paseban
Klono Mudo Asmara : Ayo-ayo
yayi Daruwati luwih disik tata-tata sesuk gagat rahina budal ngupadi dewi
sekartaji dalah Panji Asmara Bangun.
Putri
Daruwati : Ayo kang mas tak derekke
2. DESA
TELASIH
Mbok Rondo
Telasih : Ketoke aku duwe anak ora ngepenake wong tuwa malah ngrekasake wong
tuwa jenenge duwe anak akeh siji wae ora ana sing niru aku. Ya tujune kok ana
sing mbantu aku rahayune ana kleting kuning karo Gayong lha yen ora ana kleting
kuning njur kaya ngapa ragaku.
Kleting
Abang : Ayo-ayo kene-kene kleting biru
Kabeh
kleting : Ayo-ayo mbakyu, bareng
Mbok
Rondo Telasih : mengko disik nduk
Kleting
Abang : ana Biyung
Mbok Rondo
Telasih : Kleting Abang karo kowe kabeh, biyung tak takon nggonmu nyandang
kuwi kok beda karo saben dinane kowe kuwi apa do arep menyang ngendi wae
Kleting Abang : Biyung aku tak ngomong anakmu wis podo gede-gede wis pantes duwe
bojo
Kleting
Biru : Biyung sing ora mikir anak
Kleting
Ijo : Lha wong jenenge anak wis prawan ora ndang di
goleke bojo
Kleting
Wungu : Menawa biyung seneng yen anake dipoyoki tangga
Kleting
Jambon : Biyung dadi prawan kasep kuwi ora kepenak
Mbok Rondo
Telasih : Nduk anakku kabeh wae. Kowe ko mbingungke wong tuwa. apa wis ana
wong lanang sing arep ngepek kowe-kowe kabeh
Kleting
Abang : Biyung aku tak ngomong
Ning
kana ana ndeso sing jenenge Dadapan nggone mbok randha duwe anak siji lanang jenenge
Bagus Ande-ande Lumut mula aku aku karo adhi-adhiku arep nglamar utawa ngunggah
ngunggahi baguse Ande-ande lumut.
Kleting
Kuning : Mbakyu biyung iki kok
Kleting
Gayong : Rame banget ana apa ta biyung
Mbok
Rondo Telasih : Anakku ngger kleting karo kowe kleting Gayong
Kleting
Kuning : Piye yung
Kleting
Gayong : Piye yung
Mbok Rondo
Telasih : Kowe tak wenehi ngerti yen iki dino mbakyumu kabeh arep pada
ngunggah-ngunggahi ning desa Dadapan sing jenenge Bagus Ande-ande Lumut.
Kleting
Abang : Kleting Kuning, kowe kuwi yo ngapa to neges-neges
takon
Kleting
Biru : Karo maneh kowe ning kene gaweamu mung batur
Kleting
Ijo : Kowe kuwi lho kok seneng ngrusuhi wong liya
Kleting
Wungu : Kleting kuning, ngurusana awakmu dewe
Kleting Jambon : Lha yo ngopeni awake dewe wae ora isa senengane ngopeni urusane
liyan
Mbok Randha
Telasih : Wis-uwis Kleting Kuning karo kowe Kleting Gayong kana ning mburi
ngrampungake gaweanmu. Ben aja diamok mbakyu-mbakyumu.
Kleting
Kuning : Hiya Biyung
Kleting
Gayong : Hiya Yung
Kleting Abang : Biyung sak ini aku tak budal aku njaluk pamit lan pangestu.
Dongakna aku ditampa yung
Pro
Kleting : Pada Pamit
Mbok Randha
Telasih : Ya anaku kabeh wae biyung mangestuni. Slamet lakumu ko pada tukar
padu
Pro
Kleting : Budal kabeh
Kleting
Kuning : Biyung aku tak nusul mbakyu
Kleting
Gayong : Aku yo melu
Mbok Randha
telash : Kleting Kuning kowe ora susak nusul mbakyumu ning ngomah ngancani
biyung
Kleting
Kuning : Yung aku mung nonton wae, ora ngapa-ngapa
Mbok Randha
Telasih : Yo nek pancen kowe mung nonton. Ayo melu aku tak dandani. Gayong
kowe ngenteni sedela
Kleting
Gayong : Hiyo Yung
Kleting
Kuning : Biyung aku njaluk pangestumu
Mbok
Randha Telasih : Hiyo tak pangestuni ngati-ngati kleting kuning
3. POS RONDAN DESA MLESE
Pak
Somo : Mbok Mene
Mbok
Semi : Apa pak mene
Pak Somo : Ayo kowe karo aku sak ini podo ngudar kawruh.
Dimen kanggo kaca utawa tuladha wong desa Mlese kene sak anak turune
Mbok
Semi : Hiyo Pakne Kepiye
Pak Somo : Merga aku karo kowe dituwake utawa dipercaya
wong sak desa Mlese kene kuwi kudu ngati-ati omong sak omong laku sak laku
Mbok
Semi : Pak ne aku mung jejere wong wadon manut karepe
wong lanang
Pak Somo : Lha sak iki aku tak takon kowe nggonku bebojoan
karo kowe elingmu wis ana pirang tahun
Mbok
Semi : Pakne yen sokok elingku wis ana 12 tahun.
Pak
Somo : Wah yen ngana ya wis suwe yo mbokne. 12 tahun
Mbok Semi : Ana apa ta Pakne takonmu kok beda karo saben dinane apa kowe arep
rabi maneh golek sing luwih ayu, nom. Pak ne aku ngrumangsani wis tuwo ora kaya
biyen isih nom dasare isih rasa
Pak Somo : Mbokne kowe aja salah tampa aku duwe bojo kuwe
tak nggo sak lawase nganti kukute jagat mung sing tak gelani kok ora diparingi
anak, lha iki sing dadi pikiranku.
Mbok Semi : ngana lho Pak Ne yen perkara anak, kuwi ora kena disuwun ya ora
kena ditampik. Kabeh mau ono sing kuwasa. Dene kowe karo aku ibarate wayang
kuwi ana dalange
Pak Somo : ya mbok ne manut karo sing gawe urip. Lha sak
iki ngomong-ngomong upamane diparingi anak kowe milih lanang apa wadon mbokmu.
Mbok
Semi : Lha yen aku tok milih, aku milih anak lanang
Pak
Somo : Kok bedo karo gagasanku mbokne
Pak Somo : Yen gagasanku kuwi malah milih anak wadon.
Merga mbesuk bakale ngerti karo wong tuwa, lha yen anak lalang kuwi siji wani
karo wong tuwa, loro bisane mung jaluk karo ngepruk
Mbok Semi : Pak ne anak kuwi mung kari wong tuwane nggone ndidik yen wong tuwa
seneng nasar nusur tumindake elek kuwi anak terus melu-melu. Wis aku tak mulih
jupuk sega karo wedang.
Pak Somo : Jupuk sega karo wedang wae ora mau-mau bareng
wayahe arep surup lagi jupuk
Pro
Kleting : Ayo-ayo kene dhi
Pak Somo : Iki kok ana wong wadon sepirang-pirang jajal
tak takonane. Nok kowe kabeh wae, arep menyang nggendi njur jenengmu sapa nok.
Kleting
Abang : Nami kulo Kleting Abang pak
Kleting
Biru : Kula Kleting Biru pak
Kleting
Ijo : Pak jenengkulo Kleting Ijo
Kleting
Wungu : Kulo Kleting Wungu pak
Kleting Jambon : Pak mboten enten loro telu mung siji jeneng kula Kleting Jambon
Pak.
Pak
Somo : Lho sepirang pirang ngene iki anake wong pira
Kleting
abang : Nggih anake wong siji to pak
Pak
Somo : ya di srawungke jenengku Pak Somo
Pro
Kleting : nggih pak. Bareng
Pak
Somo : Lha kowe kabeh mau arep yang ngendi nok
Kleting Abang : Kulo kalian adi-adi kulo pak ajeng ten desa dadapan napa bener yen
deso dadapan wonten jejoko ingkang nami Bagus Ande-aden Lumut.
Pak Somo : Aku yo mung krungu kabar sing jenenge Bagus
Ande-ande Lumur kuwi pancen bagus.
Kleting Abang : Lha sak niki ngaten Pak Somo gandeng mlaku kula nggih tebeh kesel
dasare niki pun surup mbarengi mendung kadose ajeng udan kulo kalih adi-adi kulo
nunut nginep sewengi mawon angsal mboten Pak Somo sesuk esuk kula neruske laku
Pak
Somo : Oleh wae apa maneh muni sewengi, sesasi wae
ora apa-apa
Kleting
Abang : Inggih kula matur nuwun sak derenge Pak Somo
Pak
Somo : Yo wis kana pada ngaso nok
Pro
Kleting : Nggih Pak Somo
Pak Somo : Iki mumpun bojoku ora ana dasare hawane adem.
Enake tak nusul turu. Kanggo ngana rasane
Mbok
Semi : Wong iki mau ning ngendi ana lagi dijupuke
sega malah lunga
Pro Kleting : Pada jerit-jerit bengok-bengok mlayu kabeh, Pak
Somo metu di amok pro kleting. Tinggal
Mbok Semi : Eee dadi ngono kuwi to wong tuwa ora genah. Pak mu-pak mu kowe kuwi
arep nemoni apa to pak ne
Pak
Somo : iya ya mbok mu aku jaluk pangapura mbok mu
Mbok
Semi : iya Pak Mu tak pangapura aja dibaleni maneh
pak mu
Pak
Somo : Ayo ayo mbokne
4. KALI SUGIHAN
Yuyu Kangkang : eee wiwit esuk nganti yah mene kok ora ana. Lho kae kok ana wadon
pirang-pirang pada mrene aku tak ndelik disik.
Kleting
Abang : Ayo-ayo kene Dhi
Pro
Kleting : Hiyo mbakyu
Kleting
Abang : Lho lho di kaline kok banjir
Pro
Kleting : Lha piye mbakyu
Yuyu Kangkang : He he he ha ha ha kowe-kowe ko pada wedi karo aku cah ayu-ayu.
Kleting
Abang : He kowe kuwi bangsane ana, rupamu kok medeni
Yuyu Kangkang : Aku
bangsane kewan. Dene jenengku Yuyu Kangkang, lha jenengmu sapa cah ayu
Kleting
Abang : Yuyu Kangkang jenengku Kleting Abang, kae
adhi-adhiku
Kleting
Biru : aku Kleting Biru Yuyu Kangkang
Keting
Ijo : aku Kleting Ijo
Kleting
Wungu : Aku Kleting Wungu Yuyu Kangkang
Kleting
Jambon : Aku Kleting Jambon sing paling nom dewe, ayu
dewe
Yuyu
Kangkang : Lha kowe kabeh arep menyang ngendi cah ayu
Kleting Abang : Yuyu Kangkang aku arep meyang desa dadapan perlu ngunggah ngunggahi
Baguse Ande-ande Lumur. Aku tulung sabrangna mengko tak opahi duwit jalukmu
pira
Yuyu Kangkang : Kleting Abang yen duwit aku ora butuh. Yuyu nggawa duwit mengko rak
teles kabeh
Kleting
Abang : Lha njur apa upahe Yuyu Kangkang
Yuyu
Kangkang : upahe gampang ora angel
Kleting
Abang : Lha yen gampang njur apa
Yuyu Kangkang : Opahe ambung pipi kiwo tengen kari gelem apa ora yen ora gelem aku
tak nyemplung kali
Kleting
Abang : E e e ko sik Yuyu Kangkang
Yo
aku gelem ning ojo akeh-akeh
Yuyu
Kangkang : Hayo yen wis gelem ayo tak sabrangke cedaka
mrene
SABRANGKE KABEH
Yuyu Kangkang : Kae mau ambune wangi-wangi sakiki ambune kok ora enak kok kaya
telek lincung. O jebul ana wong nggawa batang, sapa kowe wong elek
Kleting
Kuning : Jenengku Kleting Kuning
Lha
kowe duwe jeneng sapa
Yuyu
Kangkang : Jenengku Yuyu Kangkang
Yuyu Kangkang : Yuyu Kangkang mbakyuku mau pada tok sabrangke. Saiki aku tulung di
sabrangke Yuyu Kangkang
Yuyu Kangkang : Yen dulurmu ambune wangi-wangi lha yen kowe ambune ora enak aku moh
nyabrangke
Kleting Kuning : Yen kowe ora gelem ora apa-apa Yuyu Kangkang sawangen iki Pusaka
Sada Lanang tak tamake bayu kali sak kala asat
Yuyu Kangkang : Waduh mati aku, Kleting Kuning aku jaluk ngapura aku, mertobat ora
tak baleni maneh
Kleting Kuning : Kowe tak pangapura yen nganti kowe baleni aja takon dosa Yuyu
Kangkang
Yuyu Kangkang : Yo aku ora mandeg semene nedya tak goleki ning desa dadapan mbok
menawa ketemu.
5. DESA DADAPAN
Mbok Randa Dadapan : Aku
kok nganti bingung ana jenenge lungguh ning panggungan seprana seprene saka
etungku meh dungkap 40 dina. Kok ora ngerti sing dikarepke Ande-ande Lumut
Kleting
Abang : Kula nuwun mbok
Mbok
Randa Dadapan : Mangga
Kleting Abang : Mbok napa leres mriki desa Dadapan panggenanipun Baguse Ande-ande
Lumut
Mbok
Randa Dadapan : Nggih leres kulo mboke kersane napa
Kleting
Biru : Mbok kulo ajeng nggunggah-unggahi anak
sampeyan
Mbok Randa
Dadapan : Semanten katake ajeng ngungguh-unggahi anak kula Ande-ande Lumut.
Lha sampeyan jenenge sinten
Kleting
Abang : nami kula Kleting Abang
Pro
Kleting : ngomong Jenenge dewe-dewe
Mbok
Randa Dadapan : Sak niki sampeyan kabeh kendel rumiyen, kula
tari-ne anak kula
DITARI SIJI-SIJI KABEH PADA DITAMPIK DO BALI
Kleting
Kuning : kula nuwun mbok
Kleting
Gayong : kula nuwun mbok
Mbok Rondo
Dadapan : Iki ki ambune apa kok ora enak. E e e dadi kowe sing mara nggawa
batang. Kowe ngapa mrene ambune ora enak rada adoh
Kleting
Kuning : nami kula Kleting Kuning Mbok
Kleting
Gayong : Mbok kula Kleting Gayong
Mbok
Rondo Dadapan : kowe mrene arep ngapa
Kleting
Kuning : kula ajeng ngunggah unggahi Baguse Ande-ande
Lumut
Mbok Rondo
Dadapan : Wong sing ayu-ayu wae pada ditampik apa maneh kowe rupamu elek,
ambune ora enak, wis kana bali wae
Kleting
Kuning : Kula mboten bali yen anak sampeyan mboten
ditari disik
Mbok
Rondo Dadapan : Ya.. tak tarine anakku muga-muga aja gelem
Ande-ande
Lumut : kula tampa
Mbok Rondo
Dadapan : Piye to le le sing ayu-ayu pada tok tampek bareng sing elek rupane
isih mambu telek malah di tampa. Simbok gela
Ande-ande Lumut : Mbok
sak niki kulo tak ngomong simbok, sampeyan dereng ngerti sak tenane kula niki
putra saking kraton Jenggala dene nami kulo Panji Asmara Bangun.
Mbok
Rondo Dadapan : Who allah nyuwun ngapunten, den kula mboten ngerti
Ande-ande Lumut : Mbok
niki baka kula nggih garwa kula naminipun Dewi Sekartaji
Mbok Randa
Dadapan : Menika Den Ayu Sekartaji nyuwun ngapunten den ayu, kula wau kula
dak sio kaliyan penjenengan.
Kleting
Kuning : Nggih mbok, mboten dadi sebab, tekane klana
Kala
Muda Asmara : kowe Asmara Bangun, kabeh mau aku wis ngerti
Ande-ande
Lumut : Njur sak iki karepmu piye
Klana
Muda Asmara : Sekartaji tetep tak jaluk
Klana
arep njotos tamani sada lanang karo Sekartaji sak klana-klana kontal
Panji Asmoro
Bangun : Di ajeng Sekartaji gandeng wus rampung mbok randha tak kersake
boyong ing Jenggala sak iki kondur ana tambak baya
Dewi
Sekartaji : Sumonggo kulo derekaken
RAMPUNG
dene ingkang badhe ngersakaken awujud file wonten ngandhap punika

