Abednego
Afriadi
Desember
2012
Watara telung dina iki, saben krungu
pepujen Kidhung Pasamuan saka greja wetan omah, sirahe Bandi mesti
mumet. Pepujen Dalu Suci iku sing agawe dheweke kelingan marang
kedadeyan setahun kepungkur.
Desember
2011
Pak Pendheta Stefanus Legowo meling
para nom-noman greja diwajibake latihan koor lan sandiwara kanggo
ngregengake Natal. Pendheta sing sadurunge dhines ing greja pepanthan
Kulonprogo, Daerah Istimewa Yogyakartam iku duwe pengarep-arep nambahi pakaryan
nerak wewaler lan agama.
Apamaneh,
durung ana sesasi iki sawijining warga greja konangan nyolong dhuwit pisungsung
lan kegaruk polisi jalaran mendem kewer-kewer ana ing prapatan. Bandi, sawijining nom-noman, didhapuk maragani
Yusuf ing sajroning sandiwara Natal.
Bandi ya
seneng-seneng wae amarga digandhengake karo Winong, sing maragani Maria. Winong
kuwi manis, rambute dawa sak bangkekan, kulite langsep, lambene tipis, alise
njlirit nanggal sepisan, idepe ndengking, alus tembunge lan jero ngelmune.
Pak Giyatmo,
bapake Winong, dadi anggora majelis greja lan carik. Bu Yayuk, ibune Winong,
kepala sekolah. Sapa sing gelem semaya dikongkon ngeterake mulih tekan omahe?
Sapa sing kewanen nyampluk tangane sing lagi gondhelan bangkekan nalika
diboncengake pit montor liwat jeglongan?
Sanadyan
durung tau melu teater, nanging saka prejengane kuwi Bandi wis lumayan patut.
Rambute ngombak, alise kandel, lan irunge kaya cucuk manuk bethet. Rada patut
yen dipacak kayadene wong Timur Tengah. Nanging kurang siji, lambene rada
ndomble.
”Kowe sing
paling patut maragani Yusuf, Ban,” kandhane Pakdhe Bibit, seniman sing kaijabah
ngracik sandiwara ing greja saben pawiwahan Natal lan Paskah. Pakdhe Bibit iku
pancen pinter mbombong Bandi.
Ya mung
Bandi iku sing gelem didhapuk dadi pasangane Maria sing diparagani Winong.
Sawetara nom-noman liyane milih didhapuk dadi telung wong Majus saka wetan lan
tukang angon wedhus, sanadyan yen gelem ngakoni, akeh nom-noman iku sing duwe
rasa ketarik marang Winong.
Saliyane
kuwi, para nom-noman uga milih melu grup band lagu greja kareben diarani
alim nanging gaul. Sepisanan gladhen, awake Bandi gembrobyos, jobine
greja iku dirasaake kaya miring manengen lan mangiwa.
Anggone maca
serat kayadene ilate kesrimpet-srimpet, lan kamisosolen nalika nyawang Winong
saka cedhak. Rasane dadi campur bawur, antaraning seneng lan isin. Seneng
amarga nyawang wanodya sing ayu menik-menik, isin amarga Bandi ngrumangsani yen
raine dhewe kebak kukul.
Apa maneh
yen dheweke lali durung kober sikatan sadurunge gladhen, mesti ora wani ngomong
banter lan nyedhaki Winong. Sumelang yen ambune jangan lodheh, sambel teri, lan
gereh pethek sing dipangan awan sadurunge gladhen sumebar tekan irunge Winong.
Sumelang yen
Winong dadi wegah melu sandiwara jalaran kamigilanen marang ababe Bandi.
Sansaya suwe, Bandi sansaya ketarik marang Winong, nanging durung wani
ngutarakake.
Bandi mung
wani nyawang saka cedhak nalika gladhen sandiwara. Mung wani mbayangake raine
Winong nalika ngalamun ing kamar sinambi ngeloni guling. Sansaya suwe Bandi uga
temata anggone nyandhang.
Sadurunge
mangkat gladhen, dheweke ora lali nyemproti awake nganggo wewangen, sikatan
sing resik lan nglengani rambute nganti klimis. Ibune dhewe nganti gumun amarga
dadi boros anggone blanja odhol, sabun lan sampo. Sangertine ibune, Bandi iku
keset. Yen ora dioprak-oprak kon adus, ya ora adus.
***
Langit ing
ndhuwur greja katon peteng sanadyan isih jam 16.00 WIB. Ora ana angin, nanging
gludhuge nyamber-nyamber. Manuk-manuk sriti pada baris rerentengan ngubengi
menara gentha greja sing dibangun sadurunge kamardikan.
Kuwi
pratandha meh abyor tangise mendhung sing gemandhul ing langit. Wedhus-wedhus
sing dingon gage diulihake menyang kandhang dening tukang angon, mangkono uga
bebek, menthok, pitik, sapi lan kebo.
Bandi wis
dandan mlithit lan klimis banjur nyetater pit montor plethuke lan gage methuk
Winong amarga kabeh panitya Natal diwajibake tekan greja rong jam sadurunge
liturgi diwiwiti.
Gembregesing
awak jalaran kudanan pirang-pirang dina ora dadi pepalang niyate Bandi dadi
paraga ing sandiwara Natal, semana uga Winong sing wiwit mangkat wis katon
pucet raine.
Ora krasa,
genthajam ana ing tembok greja wis kemlonthang ping enem. Pratandha ngibadah
kudu diwiwiti, semana uga sandiwarane.
***
Pepujen Dalu
Suci mbukak wiwitan sandiwara. Yusuf lan Maria mlaku thimik-thimik golek
panggonan kanggo nginep. ”Adhuh, Mas. Aku wis ora kuwat!!” ujare Maria.
”Sabar ya,
Dhik! Iki ora ana kamar sing kosong. Anane kandhang wedhus. Piye, Dhik? Ra
papa?” semaure Yusuf.
”Iya, Mas.
Nanging, aku wis ora kuwat,” ngono ujare Maria karo nyekeli sirah.
Bandi dadi
bingung, amarga wangsulane Winong kasebut ora kapetung mlebu ing jroning naskah
sandiwara. Bandi sansaya kaget amarga Winong sing maragani Maria iku gemlethak,
semaput.
”Hlo, Dhik!
Dhik! Dhik! Dhik Maria…!” ujare Bandi bingung, antaraning maragani Yusuf lan
sumelang saktenane.
Bandi gage
menehi pitulungan kayadene sing diwulangake ing Pramuka. Dheweke nyoba gawe napas
buatan. Ngibadah Natal sore iku dadi geger amarga tumindake Bandi.
Bu Yayuk,
ibune Winong, katon abang ireng kisinan, banjur marani Bandi karo nyemprot
raine Bandi nganggo hairspray supaya ngrampungi anggone nyebul lambene
Winong. Amarga ora kuwat marang ambune hairspray, Bandi malah dadi
melu-melu semaput.
Sandiwara
kapeksa dibubarake, nanging ibadah tetep mlaku kaya sing wis dijadwalake. Bandi
tangi jalaran krungu pepujen Dalu Suci, nanging isih krasa neg jalaran
kambonan hairspray sing isih tumemplek pliket ing raine.
Desember
2012
Mula tekan
seprene Bandi uga ambu-ambunen hairspray nalika krungu pepujen Kidhung
Pasamuan. Ibune nganti gumun.
”Hla wong
ngrungokake ndhangdhut wae bisa melu njoget ngleter, mongsok yen krungu Kidhung
Pasamuan malah mumet? Apa kowe iki kesurupan dhemit?” pitakone ibune.
”Wah, nggih mboten ta,
Bu. Wong kula niki mboten seneng dolanan jaelangkung kangge pados sonji capjiki
kok,” ngono semaure Bandi karo ngamril busi pit montor Honda plethuk sing arep
dinggo methuk Winong sing wis ngenteni ana ngarep warung mi ayam sapinggire
alun-alun kabupaten.